Tuesday, February 17, 2009

Angel golek gawean

Dialog antarane Manager SDM (+) karo Pelamar Gawean(-)

+ Kowe nduwe omah opo ora?
- Dereng….
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe
mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

—————

+ Kowe nduwe motor opo ora?
- Mboten.
+ Ora ketompo.
- Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto
ngriki.
+ Wah malah ra ketompo….
- Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup.

—————

+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
- Sampun Pak….
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben
mbayare murah.
- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo…..
- Lho
kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek
kerjo neng perusahaan liyo.

—————

+ Kowe
seneng guyon opo ora?
- Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo…..
- Waa… Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
- Lho kok……
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.

—————

+ Kowe mau mrene numpak opo?
- Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!

—————

+ Anakmu akeh opo sithik?
- Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus..
- Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora
ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut
gawe.

—————

+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?

—————

+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?

—————

+ Kowe kerep loro?
- Mboten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
- Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

—————

+ Kowe biso main internet?
-
mBoten.
+
Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing sek buta internet.
- Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to?'

—————

+ Kowe waras opo ora?
- Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
- Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
- Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
- WAAAAAAAAAAAAAAAA!!!!! @#$%#%^#%^$@%!#%$^%#^

No comments: